BLANTERTOKOv104
611876868239329441

Jual Kaos Ngapak Dablongan

Jual Kaos Ngapak Dablongan


Assalaamu'alaykum warahmatullaahi wabarakaatuh..

Segeng enjang, sugeng siang, sugeng ndalu, tergantung rika gole maca tulisan kiye kapan.

Priwe blong (sebutan akrab bagi pelanggan setia Kaos Ngapak Dablongan) priwe kabare?muga - muga sehat waras kabeh ya lur. Alhamdulillah website ngapakdablongan.com bisa rampung digarap, siki rika pada bisa order metung website sing jalur ordere maring Whatsapp utawa Email.

Oya nggo rika pada sing ndean mbene kenalan kambi Kaos Ngapak Dablongan, sugeng rawuh, muga - muga ana desain sing cocok lan langsung order, hehe.

Semending tek terangna, ringkes baen soal Kaos Ngapak Dablongan. Ngapak Dablongan tanggal pase mulaih produksi kapan enyong kelalen, tapi neng Taun 2011an angger ora salah. Motivasi kenangapa gawe kaos Ngapak alias kaos Basa Banyumasan kuwe nggo njaga utawa nguri - uri basa Ngapak sing kayan - kayane labuh ditinggalna, merga bocah jaman siki lewih seneng Basa Indonesiaan, ora nana sing salah nek nganggo Basa Indonesia, tapi mbok ya basane dewek kiye aja delalekna, tetep kena denggo basa pedinan. Nah salah siji cara men bisa ngajek wong liya men bisa nelu njaga Basa Ngapak kiye. nyong inisiatif gawe kaos nganggo Basa Ngapak / Basa Banyumasan. Alhamdulillah respone kanca batir termasuk Sedulur Ndablong neng ndi papan sing getul siki esih dadi pelanggan setia Ngapak Dablongan.

Ngapak Dablongan ora mung gaweni kaos nggo dewek, tapi juga nampa pesenan kaos seragaman, sekang seragam kelas, komunitas, guru - guru, lan liya - liyane. In syaa Allah kabeh digawe semaksimal lan seapik mungkin.

Oya sing kepengin dolan maring Kios Kaos Ngapak Dablongan, kiose ana neng Dalan Raya Penaruban, Komplek kios sing ana BPR Buana Artha Kassiti ne, detaile bisa golet neng Google Maps ketik baen "Kaos Ngapak Dablongan Purbalingga" mesti ketemune.

Kayakuwe disit baen lah ceritane, mbok ana pitakonan gari hubungi baen kontake ana neng Website kiye.

Wassalaamu'alaykum Warahmatullaahi Wabarakaatuh,,

Detail Pemesanan

Jual Kaos Ngapak Dablongan
Jual Kaos Ngapak Dablongan
Jumlah: : :
Sub-Total :

*Belum termasuk Ongkos kirim
*Size diatas XL ada tambahan biaya

check_circle_outline Produk Lainnya